Laman

Senin, 01 Juli 2013

LISTRIK MATI

Sumber Gambar:http://andhikalady.blogspot.com/2012/03/hal-yang-bisa-dilakukan-ketika-mati.html




dino Senin
13 Mei 2013
wektu Maghrib
wektu podo buko poso
sing poso sunnah Senin,
poso Rojab,
poso nyaur utang Ramadhan,
poso weton juga ono,
poso teruske dewe yo . . .
listrik Wiradesa lan mbuh daerah ngendi maneh, mati sementara
peteng dedet, peteng campur lilin, peteng lampu ces-cesan manglihe yo mesti padang

akeh sing podo
nggresah,
maiduh PLN,
nyalah-nyalahke PLN
misuh-misuhi PLN,
gagal adus krana banyune mandeg,
wedi peteng-petengan,
ono sing kepingin ndemo PLN mbuh sido mbuh ora
ono sing ngguya ngguyu otok
ono sing ngrungokke radio sing nganggo batu batre

sing mesra-mesraan karo bojone ono pora ow?
mojok karo pacare ono pora ow?
ta kiro yo ono tapi apak nggo opo niti-niti
mingin-mingini otok
isek eling doso wong durung sah dadi bojo
enak sedelo tapi dosone gede
angel diapuro dening Gusti Allah

bali ning listrik mati
nembe iki yakin nang Wiradesa listrik mati
sedino kaping pindo
biasane pisan otok

# wis ah mbahas soal iki yo #

Tidak ada komentar: