Laman

Selasa, 01 Oktober 2013

CRITO NGLUYUR SAK JAM

belok kiri jalan terus
Sumber Gambar:
http://andy.web.id/bekibolang-tidak-berlaku-lagi.php


ngalor
balek ngidul
belok ngulon sitik
ngidul maneh
balek ngalor
belok ngetan akeh
balek ngalor maneh sitik
bablas ngulon
ngalor maneh rada akeh
belok ngulon sitik
belok ngidul maneh sedengan
pancalke ngetan
njagong sepuluh menit
balek ngidul maneh
alhamdulillah tekan omah
1 jam wektune

alhamdulillah
mung entuk
molen mini
onde-onde mini
3 bungkus es buah, rinciane:
1 bungkus tanpa es => e buah
2 bungkus nganggo es => es buah
plus ngrungokke curhatan
kadek ibu penjual es
perkoro anak'e
sing ora gelem
neruske sekolah
soale nak sekolah kui
mumet jare anak'e.

#sabar_njih_Bu#

PALING BENER DEWE

Sumber Gambar:
http://edwimardiyoko.wordpress.com/
2011/12/07/kebenaran-itu-mutlak-atau-relatif/
Paling Bener Dewe (PBD): "Ora iso, pokok'e inyong paling bener. Sak liyane inyong salah. Wong pinter kae senajan pinter tapi salah lan dadi bolone setan. Ora perlu dihormati wong bakale mlebu neroko beyok. Pokok'e inyong paling bener dewe."

inyong durung mesti bener (idmb): "Sumpe Loe? Hahaha . . . "

PBD: "Iyo yakin sumpah. Mosok dekne carane ngibadah ngono. Ora podo karo sing inyong yakini. Sing inyong jalani. Pokok'e inyong paling bener dewe. Sing ora koyo inyong kudu salah lan ngaku salah. Allahu Akbar."

idmb: "Sak karepmu Kang apak ngomong opo. Ora ngaruh ring inyong. Tetep inyong apak nglakoni opo sing menurut inyong sesuai karo guru-gurune inyong ajarke ring inyong sing insya Allah bener. Krana sing asli mesti benere kui mung Gusti Allah. Nak manungsa iku kudu tau salah. Ora mesti bener terus. Wis, angel otok ngurusi Sampean. Ora bakal ono enteke sampe mbesok. Dadaaa . . "

PBD: "Oalah sudrun!"

idmb: "Paora, wek kwkwk"

#bubar_bubar!#